laypink.pages.dev




Lirik lagu kelana tulus

Panyondro B

Assalamualaikum wr. Wb.


Ngaturaken salam atur pambagyo harjo
Sugeng rawuh wilujeng pinanggih kaliyan keluarga besar STG,
seni reyog lan seni jaranan kudo kepang “solah bedigasane
lereng lawu” ingkang madepok wonten ing desa
genilangit,wewengkon kec. Poncol, kabawah ing kab. Magetan.
Ingkang dipun pangarsani dening bp. Suyatno carik desa
genilangit, koord kulo piyambak agung dp,S.Pd
Ing dinten siang menika katimbalan wonten ing tlatah …….
Kanthi hajat ……..

Mugi2 sedoyo wargo mriki cinelakno ing karahayon,turah


sandang pangan, murah kang samyo tinumbas tuwuh ingkang
samyo tinanem, tinebihno ing poncoboyo suker sakit, tinebihno
ing balak bilahi bencono.
Ugi boten kesupen Maturnuwun dumateng bpk kepala desa sak
perangkatipun, lan sedoyo crew panitia
Matursuwun ugi dumateng keamanan mulai linmas, personil
polsek / polres, koramil ingkang sampun maringi idhi palilah
pentas poro kadang STG
Donga pangestunipun kulo suwun mugi pagelaran ing siang
menika lancar, boten wonten alangan setunggal punopo.
Gumelaring jagat ing bumi nuswantoro mugi tetep joyo ,joyo
joyo wijayanti sekali merdeka tetep merdeka ,
Mugo STG tansah joyo hanjayeng bawono..
Kanti asesanti “ tebih ing rubedo, celak ing joyo”

NARASI TARI JARANAN

Titi wanci gumelar kuncarane nuswantara, kepara nyata sakehe


titah bangsa manca sami cancut gumregut melik nyuraosi
nyecep katiasan ugo kaendahan kabudayan adiluhung kang
edipeni migunani lan mranani. Mugo tansah lestantun aji kajen
luhur prabawane budaya nagari.
Janturan
Hong ilaheng. Hong ilaheng awigna mastu silat mring hyang
jagatkarana.

Anenggih nagari pundi to ingkang pinurweng carita samangke,


ingkang kaeka dasa purwa; eko marang sawiji, adi linulih dasa
sapuluh, purwo wiwitan; adi adining garpa gupita datan
wonten kadi nagari ing bantarangin.
Nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi, panjang marang
adawa, punjung iku luhur, basa pasir ngarepake samodra,
wukir ngungkurake gunung, boso jinawi toya tinumpang, tulus
ingkang sarwo tinandur, murah kang sarwo tinumbas, agemah
soho ripah; basa gemah kathah janmo dagang datan kendhat,
elur tan ono pedhote; basa ripah katah janmo ingkang gegriya
aneng nagari pratandha eco manahe kawulo alit.

Panjenengane narendra ing rat jagat pramudita ingkang


kasongan ing akasa, ingkang kagebeng ing muara, ingkang
kawengku samodralaya.
Ingkang kapadhangan sang hyang surya , ingkang kasenenan
sang hyang candra.
Panjenengane narendra kinacek sasamining ratu,trus padhang
tingale ageng obore, atebih kumarane, tinenga tenga ing
parangmuka. Mula kasusra kajana priya saking nagari liyan yen
ratu pinunjul kinasih ing jawata. Tan supe muja semedhi
rinasuk suksma kawekas, tunggal rahsa sajiwa ingaken sarira
bathara, mumpuni ing aguna, putus mring sandining, dwi
hastha.

Sinten to dasa namane wong agung ing bantarangin punika?


Dasa sepuluh nama aran, tegese katah sesebutanira ya
ajejuluk prabu kelono sewandana, raja abrit muka, prabu
kelana ya prabu ing bantarangin.

Bopo tumuju pagelaran jawi:


Gemuruh hamboto rubuh gongso kang hangiringi, ungeling
gongso lokananta, koyo koyo mandap saking awang-awang yo
soko kasebat ing antarikso. Gongso kang dadi klangenaning
poro jawoto.
Sigro jumangkah risang bopo jengkar saking palenggahan
tumuju dumateng pagelaran jawi, harso hanetepi karyo, dadi
pangayomaning poro putro singo taruno kang netepi wajib.
Binarung swaraning pradangga munya hangrangin. Kaya ganda
hangambar arum katiuping samiranda manda.
Geteeerrr pater koyo ana teja kang manter, horeg sajroning
sasono pagelaran bebasan sorak hamboto rubuh swarane, awit
keno pangaribawane risang bopo, ingkang ketingan ageng,
agung lan wibawa.

SEMEDI
Reeep sirep sidem permanem tan ono sabawane putu walang
atogo kang hanalisik.
Lenggah sedakep salugu jugo amepeg babahan howo songo,
bebasan hanutupi ponco ndriyo, ponco=limo , ndriyo =
pengangen angen.. sekawan kang binengkas, sajuga kang
sinidikara, anut mlebu metuning bajra, herawana kinarya nut
laksitaning brata
ono suoro daran karungu ono sesawangan datan dilulu ono
ganda datan ngambu,
hanapas hanupus pan yayah mati sajroning ngaurip, amung
warana ingkang taksih lumaris.
Campur kalayan layap liyeping aluyup, PINDA PESATING
SUKMA SUMUSUP ING RASA JATI sejatining tumlawung.
Jagat wus rinegem dadi sawiji amung kari samrica binubud.
Dudu jagat kang gumelar, nanging jagate risang bopo, kang
wus datan kaendih dening sir-budi – cipta – rasa amung kari
satata nedya.
Hormat ingkang tanpo karono. Datan antara dangu wus antuk
wewengan bakal kasembadan sasedyane nanging yo amung
sinimpen ing driya, temahan amung nelangsa marang kang
akarya jagad sak isine. Dasar sang bopo tiyang ingkang
widagda olah puja.
hening,
risang bopo memuji marang gusti kang moho agung.
Kanti ngadep kukusing dupo kang kumelun datan nyo ngambar
arum ngebaki jroning sasono pagelaran jawi.
Kumelun koyo sumundul ing antarikso dugi korining kayangan
salendro bawono.
Madep mantep risang bopo muji ing ngarsaning gusti kang
murbeng dumadi. Nyuwun tumuruning wahyu katentreman.
Mugi tansah kaliso ing sambikolo. Antuk berkahing gusti kang
moho suci

Bopo mecut :
Sampun kepareng jumeneng saking madyaning sanggar
pamujan, rising bopo hawit sampun purno hanggenipun
memujo mring purbaning kang kawoso memuji mring
panguwasaning gusti tinarimah punyuwuning risang bopo
katitik kukusing dupo ambabar gondo arum gandane minyak
cendono murni .
Keluun kelun kukusing ponang dupo kumelun ngebaki sanggar
pamojan kadyo sumundul ono ing wiyati, ----- warogo STG ----
-

Awit sepenging subrataning risang bopo dene memujo mring


panguwasaning kang kawoso, satemah gawe goro kagiri giri
mapan ono ing kahyabngan salendro bawono katitik umpaking
bale kundomanik harso hanjomplangno geeger poro hapsoro
hapsari wododoro widodari pating jalerit pambengoke sebab
ngupadi mring pangayoman.
Koyo jebol jebolo kori selo matangkep kawah condro hadimuko
kenging ginebur geburo
_---- warogo STG ----

koyo jebol jebolo lawang selo matangkep kawah condro


hadimuko koyo ginebur neburo ring atase sungune sang lembu
andini lir kumitir petit e hyang ananto boga , tanggap mring
sasmito sang hyang jagat giri noto dugi hamirsani goro goro
kahyangan salendro bawono, gya mandap ono ing madya pada
hangupadi duk sumbering gara competizione , wus to kapanggih kang
dadi sumbering gara competizione sigra peparing nugroho mring sang
bopo winastan pecut saman diman sak pucang jambe gedene
den ondar andir den obat abitake kadyo bledeg
----- warogo STG -----

DOYO katiasane ponang pecut kyai saman diman lamun to di


obat abitake mobat mabit mobat mabit kadya kluwo ondar
andir, naliko ditamak ake gunng biso jugrug, ditamak ake
samodra bisa asad banyune lamun to di tamak ake bantolo biso
sigar mrapat . ---- warogo STG ----

Sun memuji marang pangeran mugi kadang mitro sami,


ngemban kewajiban mugi tansah celak ing joyo tinebihno
saking rubedo. Atur hormat dumateng cikal bakal ing mbakali
wonten padusunan mriki . nyuwun idhi pangestu mugi
pagelaran wonten ing siang meniko tansah manggih no hayu
rahayu ingkang samiyo pinanggih
----- warogo STG ----

Medal jaranan :
1.
 Untaping poro wadyo bolo prajurit
 Naliko semono lumampah saking nagari bantarangin, prajuritipun
prabu kelono sewandono
 Ing pangajat prakting ing projo kediri nakyunaken kusumaning ayu
dewi songgo langit
 Lampah iro poro prajurit cikat lir kadyo kilat
 Cakut lir kadyo swaranene gluduk ingkang lagiyo salah mongso
 Trengginas trampil nggeniro olah kridaning kautaman
 Bagus rupane gumebyar ing busono ingkang maneko warno
 Mandap saking pamadyaning pagedokan , lumarap dateng sasono
pagelaran.
 Nyuwun tambahing pangestu mugo tansah pinaringono kalis lir ing
sambikolo

2.
 Jumangkah wonten ing sasono pagelaran agung
 Nggih meniko poro bolo pradonggo ingkang sampun samekto ing
gati siogo ing diri
 Poro prajurit hangasto pecut saman diman,
 Opo to candrane sang pecut
 Yen manter kadyo tejo hanyar katon, bebasan wengi tejo katon
koyo rino
 Warogo SINGO TARUNO

3.
 Byar padang sumilak rembulan tanpo mego
 Mireng swarane pecut saman diman pating jelegur pating jelegur,
kadyo bledek ing mongso katigo
 Suro diro jayaning kang awrat lebur dening pangastuti
 Sopo kang tumindak becik bakal katitik, sopo kang tumindak ala
wahyune bakal sirno
 Medal saking sasono pangriasan, angrasuk busono toto kaprajuritan
galebyar pating galebyar cahyane Warogo SINGO TARUNO

4.
 Satriyo bagus jayeng palugon, sepi mahamboro berbudi bawa
leksana
 Bagus rupane yen cinondro kadyo satriyo pandowo, cumlorot
kadyo lintang bima sakti
 Rawe rawe rantas malang – malang putung bebasan.
 Myat saking sasono busono, tumuju dumateng papan pagelaran
agung ngasto pecut saman diman

Medal celeng :
Sinten to ingkang medal saking panti busono ,
Yen cinondro bebasan kurang candra luwih warna. Dasar pekik
ing warna, dedek pideksa pangawak pradata. Langkung-
langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana,
sumunar agilar – gilar nanging datan hamblerengi, saya malih
hangagem dhestar hangemba nata tan ana kan kuciwa.

Ingkang lagyo hanawung krido meniko, aran senopati celeng


srenggi. Minongko agul aguling projo ludoyo. Naliko semono
senopati celeng sreng kautus dening ratu gustinipun prabu
singo barong, hangemban dawuh sahing sang noto..
ngundurne wadyo bolo saking bantarangin ingkang dados telik
sandi mangendrojolo wonten alas lirboyo / tri baya , amargi
alas wono lirboyo menika taksih kabawah wewengkon projo
lodaya.

PERSIAPAN BARIS
 Ing wasono poro tamtomo warogo turonggo STG
lumaksono magito gito baris...
 Byak byak byak siogo....
Leren sak derenge kiprah
LAJU LAMPAH IRA WONG BAGUS SANG HAMORO TOPO,
SATRIYA ING BANTARANGIN kekasih patih bujonggo anom yo
raden bujangganong
Kadherek aken prajurit ingkang nitih turonggo.
Sigra laju manjing wonowasa. Ingkang gawat kaliwat liwat .
Bebasan sato moro sato mati, janmo moro janma mlayu, sopo
wani bebasan mulih tanpo aran.
Nanging dupi katrajang dening marang lampahe sang abagus
patih bujonggo anom.

Sigra kiprah hanoto baris … sepasang mboko sepasang poro


prajurit bantarangin.

Sadaya buron alas samya bubar lumajar salang tunjang. Yen to


bisa tata jalma teko mangkene pangucape:
“ he poro konco podo miyak sumingkira ojo wani ngidak
wayangane mesti lebur tanpo dadi sebab iki dudu wong lumrah,
nanging taksih turasing kusumo rembese madu ,wijiling kang
handawa rih”
Sak sak sak gropak gedebug sanalika kaya sinapon jumedule poro
rasekso sigro ngamuk panggung margo liwung.

TOTO SESAJI

Wus cumawis tolak balak e sengkolo


Duh sang bopo angrakit toto sesaji
Kanggo srono ngge niro asung pamujo
Ameminto nugroho saking hyang widi
Kinabulno ngge niro darbe pranjongko
Winatuwo berkah basuki yuwono
Kang becik ketitik kang olo bakal ketoro
Sesanti rahayu SINGO TARUNO tetep joyo

PAMBUKO
Sun memuji mring ngarsaning gusti
Mulo mlempak kito asesami
Kakung putri kang sami amirsani
Sumonggo sami turut memuji

Duh gusti nyuwun pangayoman


Dumateng kito sak rombongan
Singo taruno ngayahi kewajiban
Menghibur poro kadang pirsawan

Singo taruno pinaringan nami


Paguyubane kadang mudo lan mudi
Mulo monggo sami diuri uri
Mrih lestari kabudayan jawi

Kesenian ingkang sampun naluri


Warisane leluhur kang suwargi
Mudo lan mudi ingkang mandegani
Kesenian saking jawi asli

Singo taruno.... singo taruno


Kaliso ing sambikolo..
POCUNG
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing dur angkara

Potrebbero piacerti anche

  • Lagu Di Pura
    Nessuna valutazione finora